Kamis, 27 September 2018

Pakaian adat jawa

Sabuk 
Filosofi :
Kudu bisa tenun makarya supaya bisa menuhi kabutuhan uripe. Mula manungsa kudu ubed supaya ora kerja tanpa asil. Ngadahi makna utawi filosofi manungsa kedah tekun makaryo kange menuhi kebutuhan urip.
Deskripsi : 
Sabuk menika ageman ingkang dipun ange nutupi setagen. Dados menawi sinjang sampun dipun singseti, lajeng dipun singseti malih mawi sabuk, supados setagen mbokan ketinggal.
Cara nganggo :
Kados sampun katuraken ing inggil panjangipun sabuk watawis 4-5 m. Patrapipun ngagem kanthi kaubedaken badan, kawiwitan saking inggl, ubedipun mangiwa.

Epek
Filosofi :
Ngadehi arti kange makaryo ingkang sae menungsa kedah mados ngilmu ingkang ngadahi manfaat. Supados biso kerja kanthi sae kudu epek (epek, golek, mencari) ilmu kang nduweni manfaat. Yen luru ilmu kudu taberi, titis, saengga bisa mahami kanthi jelas.
Deskripsi :
Epek meniko awujud setut ingkang kadamel saking bakalan kain bludru, wiyaripun watawis 5 cm, dene panjangipun watawis 120-150 cm. Bongkotipun epek dipun pasangi timang utawi gesper ingkang dipun ange nyandet ubetipun epek.
Cara nganggo : 
Caranipun ngagem epek punika kaubedaken wonten sabuk ubedipun mangiwa.

Setagen
Filosofi :
Nata awak supaya tegap lan santun anggone unggah-ungguh, supados dadi wong iku kudu tegap lan santun unggah-ungguhe.
Deskripsi : 
Setagen punika arupi pirantos kanggs nyingseti utawi ngencengaken tumempelipun sinjang wonten badan, supados sampun ngantos mlorod temahan udhar. Setagen bakalanipun kadamel saking kain tenun kandel, benangipun tenun agal, mila rada kaken. Wiyaripun setagen watawis 2-4 m. Ulesipun warna-warni, wonten ingkang cemeng, ijem, pethak, naming sadaya wau mboten wigatos, jalaran mangenipun setagen punika badhe katutup kaliyan sabuk, wonten nglebet dados mboten ketinggal saking njawi.
Cara nganggo :
Diubedaken mengiwa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar